Minggu, 23 Mei 2010
Tanggap Wacana Upacara Mitoni -Sesorah (pidato bhs Jawa)-
Ing ngisor iki tuladha teks pidato utawa tanggap wacana acara adat “Mitoni”. Coba gatekna bab isi lan urut-urutane tanggap wacana.
Mahardhikeng tyas ring kamardhikan
Nuwun
Dhumateng para sesepuh saha pinisepuh ingkang dahat kinurmatan,
Dhumateng pamangku gati ingkang kula urmati,
Dhumateng para tamu undangan ingkang minulya.
Langkung rumiyin sumangga kula lan penjenengan sedaya ngaturaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun maringi kasarasan sarta kalodhangan, saengga kita saged anjenengi acara ing wekdal menika inggih acara tingkepan utawi mitoni garwanipun bapak Zainul Ma’arif kanthi boten wonten alangan menapa-menapa. Mugi-mugi kemawon ing dalem kekempalan kita dinten samenika wonten manfaatipun. Amin.
Para rawuh ingkang kula urmati.
Panjenengan sedaya kaaturan rawuh ing wekdal menika, inggih boten sanes amargi raos syukuripun bapak Zainul Ma’arif dhumateng ngarsanipun Gusti, amargi sadangu mangun bale wisma sampun ngajeng-ajeng momongan utawi putra ing dalem kulawarganipun.
Samenika pangajeng-ajeng menika sampun kalampah kanthi tetenger mbobotipun garwanipun ingkang sampun ngancik pitung sasi. Pramila saking menika Bapak Zainul Ma’arif sakulawarga nyuwun donga pangestunipun saking para rawuh, supados jabang bayi ingkang taksih wonten madaran menika pinaringan selamet, semanten ugi ibunipun. Lan mugi-mugi anggenipun lair dipunparingi gancar, lancar, sarta selamet kekalihipun.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Mugia kita sedaya dados tiyang ingkang estu-estu ngabekti dhumateng tiyang sepuh kalih. Semanten ugi, mugi-mugi Bapak Zainul Ma’arif sakulawarga benjang dipunparingi putra ingkang tansah ngabekti marang tiyang sepuhipun, migunani tumrap nusa, bangsa sarta agami. Amin.
Cekap semanten saking kawula, minangka panutuping atur,
Nuwun
(Nana Diana; 23 Mei 2010)
Artikel Terkait Tanggap Wacana Upacara Mitoni -Sesorah (pidato bhs Jawa)- :
Tuladha Panampi Pahargyan Midodareni Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipu ...
Tuladha cengkorongan SesorahTuladha cengkorongan sesorah:Sesorah Sukuran a. Salam pambukab. Atur pakurmatan lan panyapa aruh (urut saka sing dikurmati dhewe) ...
Ndah, niki pidato bhs Jawane...TANGGAP WACANAPEPISAHAN SAKING WAKIL MURID Assalamu’alaikum wr wbAlhamdulillahirobbil’aalamin, wabihii nasta’iinu ‘alaa umuurid ...
Panyandra Penganten PanyandraBinarung swaraning gendhing Kodhok Ngorek, risang panganten kakung sampun kawistara manjing ing gapuraning pawiwahan. S ...
Sesorah Perpisahan Kelas (Pidato Perpisahan Kelas)Assalamualaikum Warohmatullohi Wabarokatuh,Ingkang dahat kinurmatan Bapak Kepala Sekolah … , Bapak Ibu guru, staf TU, lan kanca-k ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar